LINTANG ATIKU
1. WIDYA KANCA KENTHELKU DENING : ENDAH INDUNG BAG : 1 Sore iku, aku lagi nyirami kembang ing plataran ngomah. Kebeneran yen dina minggu ngene iki aku siaran esuk, jam 08.00 nganti jam 10.00. Dene yen saliane dina setu lan uga minggu, aku siarane sore saka jam 15.00 nganti jam 17.00. Ateges, sore iki aku bisa nyirami kembang kang pating ngrembuyung nemsemake iku. Kanggoku, saben nyawang kembang-kembang iku bisa dadi tamba awak kang lagi sayah. Apamaneh yen saben mulih siaran kae. Awit biyen aku...