LINTANG ATIKU
1. WIDYA KANCA KENTHELKU
DENING : ENDAH INDUNG
BAG : 1
Sore iku, aku lagi nyirami kembang ing plataran ngomah. Kebeneran yen dina minggu ngene iki aku siaran esuk, jam 08.00 nganti jam 10.00. Dene yen saliane dina setu lan uga minggu, aku siarane sore saka jam 15.00 nganti jam 17.00. Ateges, sore iki aku bisa nyirami kembang kang pating ngrembuyung nemsemake iku. Kanggoku, saben nyawang kembang-kembang iku bisa dadi tamba awak kang lagi sayah. Apamaneh yen saben mulih siaran kae.
Awit biyen aku pancen seneng nandur kembang. Dudu kembang kang regane yutanan kaya anturium, germani, aglonema utawa gelombang cinta kang nate booming ing taun 2008an kae. Ananging kembang kang prasaja bae. Kayata: kembang mawar, aster, pacar tumpuk, ceplok piring, kembang songgo langit, sosor bebek, kembang sepatu, kembang esuk sore, kembang kertas kang dadi kembang kang banget daksenengi. Lan uga kembang protosely kang jarene Mbak Tria, kang asli Sleman kae jarene yen ngarang kembang protosely, kembang kenikir landa. Dene yen ngarani kembang kenikir sing godhonge ora enak dipangan diarani kenikir jawa.
Kembang protosely iku, kejaba kembange wangi lan uga katon endah disawang ,godhonge uga enak dimaem. Digawe trancam, pecel utawa urap. Mamak uga asring gawe urap nganggo godhong protosely, tanduran asal saka. Kadhangkala aku geli-geli piye ngono, aneh-aneh bae diarani kenikir landa lan uga kenikir jawa. Mbokmenawa kanggo mbedakake jinise.
Jarene Mbak Furi, kancaku kang asli Indramayu, kang saiki domisili neng Menawa, melu sisihane iku, yen neng Sunda, kenikir iku diarani sintrong, dene tanduran kang ing Magelang kene diarani sintrong, dene neng Sunda kana diarani tespong. Beda dhaearah beda anggone ngarani ya, he he he.
Pancen, kadhangkala jeneng kembang utawa jeneng tanduran liyane, wujude padha, ananging anggone ngarani iku beda-beda. Kaya ing dhaerahku dhewe iki misale. Kembang pukul empat, ing dhaerahku, tepate ing dhusunku, luwih populer diarani kembang esuk sore. Diarani kembang esuk sore mergane, kembang kang nduweni jeneng ilmiah utawa nama latin iki, megare saben esuk lan uga sore. Ana uga kang ngarani kembang sempritan, merga yen putik lan benang sari-ne dijupuk lan banjur disebul, bisa muni kaya sempritan. Biyen aku uga yen ngarani kembang asal iki, kembang sempritan.
Aku dadi kelingan, biyen nalika aku isih cilik kae, saben bubar ngaji saka kombongan, kang saiki diarani TPA, utawa Taman Pendidikan Al- Qur'an, aku, Widya lan uga kanca-kanca liyane, asring dolan menyang dalemme Bu Tri, kang ngasta Kepala Sekolah ing salahsiji SD kang manggon ing kecamatan Pakis. Aku lan kanca-kanca asring dolan ing dalemme Bu Tri mergane ing plataran dalemme akeh banget wit kembang esuk sore. Aku lan kanca-kanca asring ngopeki kembange lan banjur digawe sempritan. Mesthine sawise matur marang Bu Tri utawa salahsiji putrane. Pancen, Bu Tri iku kagungan putra telu wadon kabeh, yen istilah jawane diarani gotong mayit.
Ora saben kembang esuk sore bisa digawe sempritan, aku dhewe wektu iku anggone ngopek nganti pindho ping telu lagi bisa muni. Nanging mbokmenawa uga pinter-pintere anggone milih nding, wong nyatane yen Widya sing milih ngono kae bisa langsung muni. Kembang esuk sore iki, kejaba bisa ngendhahake pekarangan omah, wit iki uga bisa dadi tanaman herbal. Amarga godhonge bisa matengake wudun. Dene wohe kang wis tuwa, kang warnane ireng bisa jerawat kanthi wohe iku didheplok banjur .
Ing plataran omahku, uga ana wit kembang kang uga dadi ancer-ancer omahku. Amarga, ing dhusunku omah kang ana wit kembang kang asring ditemokake ing sekolah-sekolah iku, mung omahku. Oiya, isih ana maneh, kembang iki paling istimewa kanggoku. Bisa diarani kembang bkesayangan. Yen biyen ana sinetron Topi Tersayang, dene iki Kembang Tersayang, he he he. Kembang anggrek bulan werna ungu semu abang ati. Kembang iki bebungah saka Mas Fikri, nalika aku ambal warsa kang kaping 19, setaun kepungkur.
Kembang iki nate arep digenteni dening Pak Darkan, juragane Bapak kang biyasa pesen kranjang buwah. Ngendikane, arep dicaosake kagem Bu Atri, garwane kang pancen remen nandur kembang. Aku matur yen kembang iku ora tak dol. Nanging aku ora matur asale kembang iku, mundhak dikira curcol he he he. Alesanku ya mung gawe hiasan ngomah lan uga gawe duwek- duwek bae.
Aku ora maido yen Bu Atri ya garwane Pak Darkan iku, remen nandur kembang. Ing ndalemme kang manggon ing Tepus Wetan, platarane akeh banget wit kembang, klebu kembang sing larang kaya gelombang cinta lan uga anturium. Kembang pacar tumpuk kang daktandur ing plataran ngomahku, wohe uga anggone Bapak nyuwun saka daleme Pak Darkan.
Wit kembang kang kembange warna- warni lan uga bisa gawe pitekan kuku iku, wite uripan alias gampang banget urip. Yen wohe kang wis tuwa mecah lan ceblok ing lemah bae, bisa thukul lan urip. Malah saking uripe lan ngrembuyung kethel, wite kadhangkala dibabat dening Simbah kanggo ngarit.
Mbahas kembang anggrek maneh bae ya, he he he. Kembang anggrek bulan iki, tansah dakrumat kanthi becik kaya kembang kembang liyane. Mung bae, kembang siji iki nggonku ngrumat rada beda, istimewa-lah istilahe, he he he. Ora beda kaya ngrumat anggonku kekancan karo sing menehi kembang, Mas Fikri.
Amarga, priya siji iki asring banget gawe aku baper, alias terbawa perasaan. Yen aku ora bisa ngendhalekake atiku, mbokmenawa rasa kang biyen nate perlik-perlik ing atiku, saikine wis ngrembuyung. Bejane, rasaku marang Mas Fikri mung sadermo mengagumi dudu tresna. Yen rasaku biyen iku diarani tresna, lakya aku mung patah hati dot com merga mesthi bertepuk sebelah tangan. Paribasane bagai pungguk merindukan bulan.
Good cerita bahasa jawa yg mengasikkan
BalasHapusSebuah karya yg kaya satra jawa.....lanjut terus
BalasHapusSambungane suk kapan ?
BalasHapusNggela nggelani ora ana sambungane
BalasHapusSipp.. Nguri nguri kabudayan jawa...
BalasHapusKawulo tenggo bab candhakipun, maturnuwun 🙏
BalasHapusMinta Bag 2
BalasHapusCunthel
BalasHapusCerbung jawa asyiiik
BalasHapusOno sambungane opo ora yoo.?
BalasHapusSeneng moco boso jowo ben ora lali.., ngemuate naliko isin enom.. urip neng ndeso yo nganggo biso jowo... Eh.. tapi saiki yo isih neng ndeso ding..
Maksude ndeso biyen karo saiki bedo banget..
Nengga bag.2
BalasHapus